Cangkir Prothol
Sakjane
regane ora sepiroa. Nanging cothone kuwi sing nganti Bandi ora leren-leren
anggone nggetuni. Apa maneh yen nuju ngopi wayah esuk, dheweke mesthi banjur
kelingan. Ngopi kuwi yen ora neng cangkir rumangsane rasane dadi beda. Rasane jan
kurang nges ngono kae. Upama tuku maneh ya isih kuwat, nanging ya tetep beda.
Apa maneh cangkir mau cangkir kawak lan amung kari siji, tinggalane ibu
suwargi. Utawa mbok menawa wae malah tinggalane suwargi simbahe. Sabab wektu
isih cilik, dheweke kerep weruh ibune ngladeni kopi simbah kakung saben esuk ya
nganggo cangkir kuwi. Ya amarga amung kari rupa cangkir kuwi warisan sing saiki
isih nyisa, mula anggone ngemi-emi kaya dene emas picis raja brana. Mula
dheweke dadi nesu banget nalika weruh cangkir mau prothol ganthilane.Critane,
nalika wayah esuk, kaya padatan Marni, bojone marani dheweke sing lagi maca
koran neng teras sak durunge mangkat nyambut gawe karo nggawa sak cangkir kopi.
Bojone wis apal menawa karemane kopi pahit. Gulane among dhapur patut. Sabab
yen kelegen rasane neng weteng malah neg.
"Kopine, Pak," kandhane sing wedok.
"Ya, seleh kono," saure tanpa nyawang.
"Ya, seleh kono," saure tanpa nyawang.
Bubar
leladi sing wedok uga banjur bali mlebu, nutugake anggone resik-resik omah.
Karo mripate isih kober nyawang tulisan ana koran mau, tangane nggrayahi
cangkir kopi sing isih panas kemebul mau. Nanging eba kagete nalika tangane ora
nemokake ganthilane cangkir. Atine sakal muntab weruh cangkir mau wis brundhul
tanpa ganthilan. Meh wae cangkir sak kopine mau dibanting neng njogan menawa
ora eling menawa cangkir barang tinggalane wong tuwane sing aji kanggone
dheweke.
"Bu!" pambengoke marang sing wedok.
Sing dibengoki uga banjur gita-gita
marani sing ngundang.
"Cangkir iki mbok kapakne kok nganti ganthilane prothol ngene iki?" pitakone Bandi karo mripate mendelik.
"Oalah...kuwi ta? Ngene lho, Pak. Kuwi ngana kebenthik nalika dak isahi esuk mau," saurane sing wedok entheng.
"Lha polahmu piye, isah-isah kok nganti ngrusakke barang? Yen ngene iki rak cotho dadine."
"Halah, wong cangkir kawak wae kok digetuni. Mbok mengko dak tukokke maneh selosin sing luwih apik."
"Cangkir iki mbok kapakne kok nganti ganthilane prothol ngene iki?" pitakone Bandi karo mripate mendelik.
"Oalah...kuwi ta? Ngene lho, Pak. Kuwi ngana kebenthik nalika dak isahi esuk mau," saurane sing wedok entheng.
"Lha polahmu piye, isah-isah kok nganti ngrusakke barang? Yen ngene iki rak cotho dadine."
"Halah, wong cangkir kawak wae kok digetuni. Mbok mengko dak tukokke maneh selosin sing luwih apik."
Krungu saurane bojone sing ketoke
entheng mau sakala dadi muntabe Bandi. Nyat, dheweke budhal nyambut gawe tanpa
pamit. Wedang kopi sing wis wiwit adhem mau ora disenggol babar pisan.Wiwit
dina kuwi dheweke ora tau gelem ngombe kopi sing diladekake bojone, nadyan wis
diganti nganggo cangkir anyar sing luwih apik modhele. Atine isih kemropok yen
kelingan nyawang cangkir prothol tanpa ganthilan mau. Rasa kemropok mau wusana
ndadekake sengite marang bojone sing kaanggep nyepelekake barang warisan,
nadyan wujude amung sepele. Mula nganti pirang-pirang dina dheweke ora gelem
ngluruhi bojone. Malah saiki budhale nyambut gawe kepara luwih esuk tinimbang
biyasane. Perlune isih bisa mampir warung kopi sing ana sak cedhake pabrik
anggone nyambut gawe.
Sore
kuwi, metu saka pabrik Bandi ora langsung bali. Dheweke semayan karo Sunaryo
neng warung. Kancane mau kandha menawa nduwe cangkir kuna kaya cangkir duweke.
Bandi pancen tau crita ngenani rasa cuwane marang sing wedok amung gara-gara
cangkir prothol ganthilane mau.
"Yen trima cangkir kaya ngana kuwi aku isih nduwe. Yen
perlu cangkir kuwi bisa mbok enggo," kandhane Sunaryo.
"Terus mbok kon nuku pira?" takone Bandi seneng.
"Wis ora usah dituku. Wong amung cangkir wae kok. Karo maneh aku ya ora patiya seneng ngombe neng cangkir. Kurang marem," saurane kancane mau.
"Nanging isih wutuh ta?"
"Ya isih, wong ora tau kanggo. Malah isih komplit tutup lan lepeke."
"Terus mbok kon nuku pira?" takone Bandi seneng.
"Wis ora usah dituku. Wong amung cangkir wae kok. Karo maneh aku ya ora patiya seneng ngombe neng cangkir. Kurang marem," saurane kancane mau.
"Nanging isih wutuh ta?"
"Ya isih, wong ora tau kanggo. Malah isih komplit tutup lan lepeke."
Sakjane
rasane ora marem, amarga dudu cangkir warisan. Nanging ora apa-apa. Idhep-idhep
kanggo nambani rasa cuwa.Sinambi ngenteni kancane sing isih bali njupuk
cangkir, dheweke aba kopi marang bakule. Ora suwe sak cangkir wis cumepak neng
ngarepane. Isih panas kemebul amarga banyune tansah digeneni. Ora banyu tremos
kaya warung-warung liyane. Bubar ngiling kopi ana lepek lan disruput, Bandi
ngetokake rokok lan korek saka sak klambine. Nanging apes, korek jres mau rada
mlempem, mula angel murube. Tujune neng kana ana korek gas cepakane warung. Mula
dheweke banjur ngranggeh korek mau. Nanging nalika arep ngranggeh korek mau
ndilalah tangane nyampe cangkir neng ngarepane, nganti kopi isih separo mau
kutah, mblabar neng meja. Lan cilakane, ganthilane cangkir mau prothol
kebenthik lepek.Bandi dheleg-dheleg nyawang cangkir mau.
"Pun, kersane, Pak. Mangke kula damelaken kopi
malih," kandhane bakule kanthi grapyak.
"Sing kula getuni niku mboten kopine. Nanging cangkir njenengan sing prothol ganthilane niki," kandhane Bandi semu rikuh.
"Mboten napa-napa. Wong sanesipun inggih pun sami prothol. Nggih maklum wong cangkir lawas, dados nggih gampang prothol cangkingane. Kaliyan malih wong namung cangkir kemawon kok," kandhane bakul tanpa rasa cuwa.
"Nanging rasane kok eman sanget," Bandi isih melu nggetuni.
"Kanggene kula, langkung eman kelangan pelanggan tinimbang kelangan cangkir. Ngangge cangkir utuh napa cangkir prothol, raosipun inggih tetep kopi. Ngaten mawon kok didamel ribet. Menapa malih kok ngantos dados padudon kaliyan anak utawi bojo namung gara-gara cangkir?"
"Sing kula getuni niku mboten kopine. Nanging cangkir njenengan sing prothol ganthilane niki," kandhane Bandi semu rikuh.
"Mboten napa-napa. Wong sanesipun inggih pun sami prothol. Nggih maklum wong cangkir lawas, dados nggih gampang prothol cangkingane. Kaliyan malih wong namung cangkir kemawon kok," kandhane bakul tanpa rasa cuwa.
"Nanging rasane kok eman sanget," Bandi isih melu nggetuni.
"Kanggene kula, langkung eman kelangan pelanggan tinimbang kelangan cangkir. Ngangge cangkir utuh napa cangkir prothol, raosipun inggih tetep kopi. Ngaten mawon kok didamel ribet. Menapa malih kok ngantos dados padudon kaliyan anak utawi bojo namung gara-gara cangkir?"
Dheg!
Atine Bandi rumangsa kaya kedhodhog alu. Dheweke banjur kelingan anggone wis
pirang-pirang dina neng-nengan karo Marni amung gara-gara cangkir. Atine
rumangsa keduwung. Bubar ngentekake kopi anyar sing diladekake bakule, Bandi
banjur metu sawise mbayari kopi rong cangkir. Dheweke wis ora ngenteni tekane
kancane maneh. Sedyane amung siji, bali lan bakal njaluk ngapura marang bojone
sing wis pirang-pirang dina ora diluruhi.
"Muga-muga
wae atine Marni ora melu prothol," batine Bandi sadalan-dalan.
Srengenge
wis angslup. Lampu-lampu dalan wis wiwit murub padhang kaya padhange ati dina
kuwi.
ANALISA CERKAK
“CANGKIR PROTHOL”
I.
UNSUR-UNSUR INTRINSIK
1.
Tema.
Tema yaiku sari pati crita sing
di andharake utawa di critakake.
Tema
seng di andharake ing cerkak “Cangkir Prothol” yaiku
2.
Paraga.
Paraga yaiku wong sing maragani crita. Paraga
kaperang dadi 3.
- Paraga Utama sing uga dijenengi PROTAGONIS.
- Paraga mungsuh sing uga dijenengi ANTAGONIS.
- Paraga tambahan sing uga dijenengi
TRITAGONIS.
Paraga
ing cerkak "Cangkir Prothol" yaiku Bandi, Marni, Sunaryo lan Bakul.
3.
Watak.
Watak yaiku karakter utawasikep sing diduweni saben
paraga sajeroning crita.
Watak
paraga ing cerkak “Cangkir Prothol” yaiku :
Bandi :
Gampang nesu, getunan
Marni :
Entheng atine, teledor
Sunaryo :
Apikan, gelem ngewangi kancane seng lagi susah
Bakul :
Grapyak, trimo, setiti
4.
Alur.
Alur yaiku
lakuning crita utawa urut-urutane crita. Alur kaperang dadi 3.
-
Alur maju (Progresif) yaiku alur sing nyritakake utawa nggambarake kahanan
saiki kanthi sateruse.
-
Alur mundur (Regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake
ngandharake kahanan sing kepungkur.
- Alur
campuran
Alur ing cerkak
“Cangkir Prothol” gunakake alur mundur utowo Regresif. amergo ngomonganke kahanan saiki
diterusake kahanan cangkir prothol seng wes kepungkur mbiyen.
5.
Latar.
Latar
yaiku perangan sing nerangake papan utawa wektu, kelakone kadadeyan ing crita iku.
Latar
ing cerkak "Cangkir Prothol" yaiku
Latar waktu : wayah esuk, sore
Latar panggonan : ing teras, ing warung kopi
Latar suasana : geger mergo cangkire prothol granthilane.
6.
Amanat.
Amanat yaiku pesen sing arep
diaturake dening pangripta marang pamaos. Utawi pesen sing sinandhi sajeroning
crita.
Amanat
sing diaturake ing cerkak “Cangkir Prothol” yaiku
-
Ojo gampang getun!
-
Ojo mung gara gara barang sepele,
dadekake rasa sengit marang wong liyo!
-
Dadi uwong kudu jembar pangapurane!
II.
SINOPSIS
Satemene regne
ora sepiroa, nanging cothone kuwi sing nganti bandi ora leren leren anggone
nggetuni. upama tuku ya isih kuwat, nanging ya tetep beda. Ya amarga amung kari
cangkir kuwi warisan sing saiki isih nyisa, mula anggone ngemi emi kayadene
emas picis raja brana. mula dheweke dadi nesu banget nalika weruh cangkir mau
prothol ganthilane.
ceritane, nalika
wayah esuk koyo neng teras Bandi lagi moco koran banjur bojone Bandi yaiku
Marni ngladekake kopi pait senengane bojone. nanging eba kagete Bandi nalika
tangane nemokake ganthilane cangkir. Atine sakal muntab weruh cangkir wis
brundhul tanpa ganthilan. Bandi getun ra karukaruan. wiwit dina kui, dheweke
ora tau gelem ngombe kopi seng diladekake bojone lan ora tau luruh luruh karo
bojone.
sawijining sore,
Bandi lan Sunaryo mampir ing warung kopi. Sunaryo cerito yen dheweke nduwe
cangkir persis koyon cangkire Bandi seng prothol ganthilane. banjur Sunaryo
njupukake cangkir mau mergo si Bandi gelem.
Bandi aba kopi
menyang bakul, nanging nalika arep ngranggeh korek ndelalah tangane nyampe
cangkir lan cilakane, ganthilane cangkir mau prothol kebenthik lepek. Bandi
katon gelo, nanging bakule mau nyauri kanthi grapyak. semaure bakule mau gawe
atine Bandi banjur sadar karo kabeh seng uwes dilakokake marang Marni wiwit
cangkire deweke prothol.
temanya apa ya?
ReplyDeleteMbanthu banget swn yo minn
ReplyDeleteMbanthu banget swn yo minn
ReplyDelete