}

Monday, April 21, 2014

Cerkak "CANGKIR PROTHOL" Lan Unsur Intrinsik

Cangkir Prothol

Sakjane regane ora sepiroa. Nanging cothone kuwi sing nganti Bandi ora leren-leren anggone nggetuni. Apa maneh yen nuju ngopi wayah esuk, dheweke mesthi banjur kelingan. Ngopi kuwi yen ora neng cangkir rumangsane rasane dadi beda. Rasane jan kurang nges ngono kae. Upama tuku maneh ya isih kuwat, nanging ya tetep beda. Apa maneh cangkir mau cangkir kawak lan amung kari siji, tinggalane ibu suwargi. Utawa mbok menawa wae malah tinggalane suwargi simbahe. Sabab wektu isih cilik, dheweke kerep weruh ibune ngladeni kopi simbah kakung saben esuk ya nganggo cangkir kuwi. Ya amarga amung kari rupa cangkir kuwi warisan sing saiki isih nyisa, mula anggone ngemi-emi kaya dene emas picis raja brana. Mula dheweke dadi nesu banget nalika weruh cangkir mau prothol ganthilane.Critane, nalika wayah esuk, kaya padatan Marni, bojone marani dheweke sing lagi maca koran neng teras sak durunge mangkat nyambut gawe karo nggawa sak cangkir kopi. Bojone wis apal menawa karemane kopi pahit. Gulane among dhapur patut. Sabab yen kelegen rasane neng weteng malah neg.
"Kopine, Pak," kandhane sing wedok.
"Ya, seleh kono," saure tanpa nyawang.
Bubar leladi sing wedok uga banjur bali mlebu, nutugake anggone resik-resik omah. Karo mripate isih kober nyawang tulisan ana koran mau, tangane nggrayahi cangkir kopi sing isih panas kemebul mau. Nanging eba kagete nalika tangane ora nemokake ganthilane cangkir. Atine sakal muntab weruh cangkir mau wis brundhul tanpa ganthilan. Meh wae cangkir sak kopine mau dibanting neng njogan menawa ora eling menawa cangkir barang tinggalane wong tuwane sing aji kanggone dheweke.
"Bu!" pambengoke marang sing wedok.
Sing dibengoki uga banjur gita-gita marani sing ngundang.
"Cangkir iki mbok kapakne kok nganti ganthilane prothol ngene iki?" pitakone Bandi karo mripate mendelik.
"Oalah...kuwi ta? Ngene lho, Pak. Kuwi ngana kebenthik nalika dak isahi esuk mau," saurane sing wedok entheng.
"Lha polahmu piye, isah-isah kok nganti ngrusakke barang? Yen ngene iki rak cotho dadine."
"Halah, wong cangkir kawak wae kok digetuni. Mbok mengko dak tukokke maneh selosin sing luwih apik."
Krungu saurane bojone sing ketoke entheng mau sakala dadi muntabe Bandi. Nyat, dheweke budhal nyambut gawe tanpa pamit. Wedang kopi sing wis wiwit adhem mau ora disenggol babar pisan.Wiwit dina kuwi dheweke ora tau gelem ngombe kopi sing diladekake bojone, nadyan wis diganti nganggo cangkir anyar sing luwih apik modhele. Atine isih kemropok yen kelingan nyawang cangkir prothol tanpa ganthilan mau. Rasa kemropok mau wusana ndadekake sengite marang bojone sing kaanggep nyepelekake barang warisan, nadyan wujude amung sepele. Mula nganti pirang-pirang dina dheweke ora gelem ngluruhi bojone. Malah saiki budhale nyambut gawe kepara luwih esuk tinimbang biyasane. Perlune isih bisa mampir warung kopi sing ana sak cedhake pabrik anggone nyambut gawe.
            Sore kuwi, metu saka pabrik Bandi ora langsung bali. Dheweke semayan karo Sunaryo neng warung. Kancane mau kandha menawa nduwe cangkir kuna kaya cangkir duweke. Bandi pancen tau crita ngenani rasa cuwane marang sing wedok amung gara-gara cangkir prothol ganthilane mau.
"Yen trima cangkir kaya ngana kuwi aku isih nduwe. Yen perlu cangkir kuwi bisa mbok enggo," kandhane Sunaryo.
"Terus mbok kon nuku pira?" takone Bandi seneng.
"Wis ora usah dituku. Wong amung cangkir wae kok. Karo maneh aku ya ora patiya seneng ngombe neng cangkir. Kurang marem," saurane kancane mau.
"Nanging isih wutuh ta?"
"Ya isih, wong ora tau kanggo. Malah isih komplit tutup lan lepeke."
Sakjane rasane ora marem, amarga dudu cangkir warisan. Nanging ora apa-apa. Idhep-idhep kanggo nambani rasa cuwa.Sinambi ngenteni kancane sing isih bali njupuk cangkir, dheweke aba kopi marang bakule. Ora suwe sak cangkir wis cumepak neng ngarepane. Isih panas kemebul amarga banyune tansah digeneni. Ora banyu tremos kaya warung-warung liyane. Bubar ngiling kopi ana lepek lan disruput, Bandi ngetokake rokok lan korek saka sak klambine. Nanging apes, korek jres mau rada mlempem, mula angel murube. Tujune neng kana ana korek gas cepakane warung. Mula dheweke banjur ngranggeh korek mau. Nanging nalika arep ngranggeh korek mau ndilalah tangane nyampe cangkir neng ngarepane, nganti kopi isih separo mau kutah, mblabar neng meja. Lan cilakane, ganthilane cangkir mau prothol kebenthik lepek.Bandi dheleg-dheleg nyawang cangkir mau.
"Pun, kersane, Pak. Mangke kula damelaken kopi malih," kandhane bakule kanthi grapyak.
"Sing kula getuni niku mboten kopine. Nanging cangkir njenengan sing prothol ganthilane niki," kandhane Bandi semu rikuh.
"Mboten napa-napa. Wong sanesipun inggih pun sami prothol. Nggih maklum wong cangkir lawas, dados nggih gampang prothol cangkingane. Kaliyan malih wong namung cangkir kemawon kok," kandhane bakul tanpa rasa cuwa.
"Nanging rasane kok eman sanget," Bandi isih melu nggetuni.
"Kanggene kula, langkung eman kelangan pelanggan tinimbang kelangan cangkir. Ngangge cangkir utuh napa cangkir prothol, raosipun inggih tetep kopi. Ngaten mawon kok didamel ribet. Menapa malih kok ngantos dados padudon kaliyan anak utawi bojo namung gara-gara cangkir?"
Dheg! Atine Bandi rumangsa kaya kedhodhog alu. Dheweke banjur kelingan anggone wis pirang-pirang dina neng-nengan karo Marni amung gara-gara cangkir. Atine rumangsa keduwung. Bubar ngentekake kopi anyar sing diladekake bakule, Bandi banjur metu sawise mbayari kopi rong cangkir. Dheweke wis ora ngenteni tekane kancane maneh. Sedyane amung siji, bali lan bakal njaluk ngapura marang bojone sing wis pirang-pirang dina ora diluruhi.
"Muga-muga wae atine Marni ora melu prothol," batine Bandi sadalan-dalan.
Srengenge wis angslup. Lampu-lampu dalan wis wiwit murub padhang kaya padhange ati dina kuwi.
 
ANALISA CERKAK “CANGKIR PROTHOL”

      I.            UNSUR-UNSUR INTRINSIK
1.               Tema.
                   Tema yaiku sari pati crita sing di andharake utawa di critakake.
Tema seng di andharake ing cerkak “Cangkir Prothol” yaiku
2.               Paraga.
                    Paraga yaiku wong sing maragani crita. Paraga kaperang dadi 3.
                     - Paraga Utama sing uga dijenengi PROTAGONIS.
                    - Paraga mungsuh sing uga dijenengi ANTAGONIS.
                    - Paraga tambahan sing uga dijenengi TRITAGONIS.
Paraga ing cerkak "Cangkir Prothol" yaiku Bandi, Marni, Sunaryo lan Bakul.
3.                  Watak.
Watak yaiku karakter utawasikep sing diduweni saben paraga sajeroning crita.
Watak paraga ing cerkak “Cangkir Prothol” yaiku :
Bandi              : Gampang nesu, getunan
Marni               : Entheng atine, teledor
Sunaryo           : Apikan, gelem ngewangi kancane seng lagi susah
Bakul               : Grapyak, trimo, setiti
4.                  Alur.
Alur yaiku lakuning crita utawa urut-urutane crita. Alur kaperang dadi 3.
- Alur maju (Progresif) yaiku alur sing nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi sateruse.
- Alur mundur (Regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake ngandharake kahanan sing kepungkur.
 - Alur campuran
Alur ing cerkak “Cangkir Prothol” gunakake alur mundur utowo Regresif. amergo ngomonganke kahanan saiki diterusake kahanan cangkir prothol seng wes kepungkur mbiyen.
5.                  Latar.
Latar yaiku perangan sing nerangake papan utawa wektu, kelakone kadadeyan ing crita  iku.
Latar ing cerkak "Cangkir Prothol" yaiku
Latar waktu                : wayah esuk, sore
Latar panggonan        : ing teras, ing warung kopi
Latar suasana             : geger mergo cangkire prothol granthilane.
6.                  Amanat.
Amanat yaiku pesen sing arep diaturake dening pangripta marang pamaos. Utawi pesen sing sinandhi sajeroning crita.
Amanat sing diaturake ing cerkak “Cangkir Prothol” yaiku
-        Ojo gampang getun!
-        Ojo mung gara gara barang sepele, dadekake rasa sengit marang wong liyo!
-        Dadi uwong kudu jembar pangapurane!

   II.            SINOPSIS
Satemene regne ora sepiroa, nanging cothone kuwi sing nganti bandi ora leren leren anggone nggetuni. upama tuku ya isih kuwat, nanging ya tetep beda. Ya amarga amung kari cangkir kuwi warisan sing saiki isih nyisa, mula anggone ngemi emi kayadene emas picis raja brana. mula dheweke dadi nesu banget nalika weruh cangkir mau prothol ganthilane.
ceritane, nalika wayah esuk koyo neng teras Bandi lagi moco koran banjur bojone Bandi yaiku Marni ngladekake kopi pait senengane bojone. nanging eba kagete Bandi nalika tangane nemokake ganthilane cangkir. Atine sakal muntab weruh cangkir wis brundhul tanpa ganthilan. Bandi getun ra karukaruan. wiwit dina kui, dheweke ora tau gelem ngombe kopi seng diladekake bojone lan ora tau luruh luruh karo bojone.
sawijining sore, Bandi lan Sunaryo mampir ing warung kopi. Sunaryo cerito yen dheweke nduwe cangkir persis koyon cangkire Bandi seng prothol ganthilane. banjur Sunaryo njupukake cangkir mau mergo si Bandi gelem.
Bandi aba kopi menyang bakul, nanging nalika arep ngranggeh korek ndelalah tangane nyampe cangkir lan cilakane, ganthilane cangkir mau prothol kebenthik lepek. Bandi katon gelo, nanging bakule mau nyauri kanthi grapyak. semaure bakule mau gawe atine Bandi banjur sadar karo kabeh seng uwes dilakokake marang Marni wiwit cangkire deweke prothol.


3 comments: